Assalamu’alaikum Wr ... Wb.
Ingkang kinurmatan, bapak lan ibu guruu saha kanca-kanca
ingkang tansah kula tresnani.
Sepindah sumangga kula lan panjenengan sedoyo ngaturaken
puji syukur maran g Gusti Allah ingkang maha luhung lan tansah paring nikmat
lan rahmat sahinggo kula lan panjenengan taksih saged golek ilmu, yaiku
nindakaken sekolah.
Kaping kalih, jumeneng kula wonten ngajenge panjenengan sedoyo
minangka kagem ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda.
Kula lan panjenenga mesti sampun sami mangertosi bilih
tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika
salah sawijining prastawa skral ingkang nuduhake marang kabeh wong bilih bangsa
Indonesia bangsa ingkang anggadahi semangat berjuang, semangat nyawiji bhineka
tunggal ika, semanta merdeka lan dadi bangsa ingkang ngadeg jejeg.
Wondene isi Sumpah Pemuda inggih menika :
Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu,
bangsa Indonesia
Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah
satu, tanah air Indonesia
Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa
persatuan, bahasa Indonesia.
Isi sumpah lan janji menika wajib kita lestarekake lan
diamalake kagem mujudake pengarep-arep cita-cita kamardikan urip makmur, adil
lan sejahtera. Yaiku minangka pelajar / murid, kita wajib semangat lan mempeng
anggenipun sinau. Lan minangka pemuda (usia produktif) kita kedah semangat lan
sregep anggenipun nyambut damel ngsisi pembangunan bangsa.
Menika inkang saged kula aturaken babagan Sumpah Pemuda. Ayo
kita junjung tinggi kaluhuran Sumpah Pemuda.
Santen parutan klapa, Cekap semanten atur kawula, Numpak
sepur nggawa tali, Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur, Kula nyuwun
agunging pangaksami
Wassalamu’alaikum Wr ... Wb.






Tidak ada komentar:
Posting Komentar